Sort:  

Lah kui bukane wes neng komunitas piye mbak,

Mau durung. Aku sing entes wae nglebokne kuwi. Kowe nak lagi arep posting kuwi kan klik simbol pulpen kan, nah nak kuwi diklik onok panah mengisor iso milih, antara post di "blog", kuwi mung tampil nang halaman pribadimu tok, nak mbok geser mangisor maneh kursore, awakmu iso milih posting nang community sing cocok karo postinganmu.
Mergo awakmu wes join community "fascinating insect" karo "chess community", posisi dua grup kuwi bakal paling nduwur, ning nang ngisor okeh grup liyo sing awakmu urung gabung ning iso digaabung nggo ben postingane luwih luwas cakupan peredarane, nak cocok isine.
Awakmu cm join di dua grup kuwi tok mergo sing gawe masmu.
Lha nak awakmu meh posting serangga, tinggal pilih pilih klik posting di fascinating insect. Ben postinganmu otomatis mlebu nang grup.
Nak wes mlebu mengko awakmu gari iso reblog nang halamanmu dewe.
Tp luwih penting nang grup disik ben iso langsung dideleng wong akeh, masmu yo iso otomatis langsung weruh, mergo dekne moderator kan.

Kuwi nang duwur ning penelasan nak awakmu posting nganggo PeakD, tapi nak awakmu buka hive.blog nganggo chrome, nak arep posting foto serangga, pertama klik community koyo ning gambar iki. Mengko hasile metu pilihan community sing awakmu wis dadi anggotane.
Njur awakmu pilih klik Fascinating Insect.

icuz1.JPG

Mengko bakal metu koyo nang gambar ngisor iki, tampil postingan2 anggota liyane nang grup. Njur awakmu gari pilih post, koyo sing tak tunjuk nganggo panah.
Mengko nak uwis mengko bakal metu halaman sing koyo gambar sing paling ngisor...
icuz2.JPG

Nang kene awakmu gari nulis karo upload foto koyo biasane.
Nak uwis keposting nang grup, mengko awakmu gari reblog wae nang blogmu dewe.
icuz3.JPG

Hehe iyo mbak, aku angger posting yo langsung ngeklik ning tondo panah kui 😁😁