Kapten Dupree lan Noni, Anake Wadon (Puisi Ngapak)

in #poetry6 years ago

KAPTEN DUPREE LAN NONI, ANAKE WADON


Papah,

Kuwe bibi Tarwen lan paman Sudir sih anu sapa?

Deneng cokane diwenehi dhuwit

Deneng cokane ditukokna sarung lan jarit

Deneng cokane dijaki plesir

Malah saben dina madhang neng kene sawise rampung cekel gawe...


Oo, Noni anaku sing ayu,

Kae tulih rewange kluwarga, kudu dicukupi lan direksa.


Papah,

Kae tangga-tanggane bibi Tarwenlan paman Sudir sih anu kenangapa??

Denengana sing dibanda

Denengana sing dibedhil

Denengana sing dipenthungi lan dikunjara...


Oo, Noni anakku sing ayu

Kae kabeh tulih anu ekstrimist, inlander, tukang mbrontak.

Mula kudu diperjaya


Papah,

Lan kabeh kancane papah sih anu apa?

Deneng neng kene kaya raja

Prentah sakdhet saknyet kudu diestoni

Njarah rayah bandhane wong sekampung

Petantang petenteng turut lurung adol gendhung

Ngumbar mimis plurunganah-ngeneh tanpa nganggo petung



Oo, Noni anakku sing ayu

Aku gur ngleksanani kewajiban lan tugas negara

Ora bisa ngenyangora bisa suwala

Kudu sendika aring dhawuhe ratu Wilhelmina


Papah,

Aku neng kene madhang skang hasil bumi Indhonesia

Ngumbe banyu skang sumur Indhonesia

Tumapak neng lemah Indhonesia

Rumangsaku ya aku bocah Indhonesia.

Snajan keturunan bangsa Eropah

Nanging jiwa ragaku nyawiji karo bangsa Indhonesia...


..............


Kapten Dupree meneng ora kodal semaur

Mripate mendelik untune gathik

Awake njenggereng kaku lan gemeter

Merga gigire ditunyuk pring lancip wulung

Temancep neng walikat tembuse jantung


Noni mlongo, orakumecap

Mbuh susah utawa bungah nyipati kedadeyan sakeclap

Merga sing merjaya Papahe ya kuwe Yitno

Nom-noman gagah prakosa sing dadi pacangane

Sing dadi ganthilane ati

Sing janji sdhela maning ngajak rabi

Aahh.....



Sugeng Joko Utomo, Tasikmalaya, 12-08-2018

Lingkar Sastra Gombong (Lisong)

Sort:  

Hello @wgustaman, apa kabar? Kami resteem ke 7804 follower yaa.. 😉 (Sepotong kontribusi kami sebagai witness untuk komunitas Steemit berbahasa Indonesia.)