UREK UREK NGAPRANG

in #puisi6 years ago

UREK UREK NGAPRANG


Musim pileg pilpres wis teka

Udan teka banjur sawah dipaculi diwluku

Rabuk disebar dibanyoni secukupe

Wancine welut padha golet mangan

Wancine para calon pemimpin golet pemilih


Urek-urek mancing welut

Pancing dicancang tali senar

Precil cilik dienggo empan

Para calon pileg pilpres nganggo werna-werna cara umpan

Mbudidaya ben kepilih duwe kuasa


Milih pemimpin sing apik jan angel

Ning luwih angel maning urek-urek mancing welut

Seliyane urek-urek, nggolet welut nganggo cara ngobor lan ngaprang uga angel


Ngaprang gawe blumbang

Pinggire diencot-encot nganggo sikil

Welut metu nang jero blumbang

Gari dicekel ceg

Angger arep pilihan pemimpin

Sekang gunung desa tekan kutha

Warga dikon metu nang dalan apa lapangan

Karepe ben bisa dicekel suarane

Angel-angel gampang

Gampang-gampang angel

Tesih angel gole ngaprang


Sing padha guyup tur rukun

Angger urek-urek lan ngaprang

Ulih welut nggo dijangan

Utawa dibakar gawe sambel

Nylekamin


---

Basukine, Gombong 2018

Lingkar Sastra Gombong (Lisong)